
Nandur Watak Luhur Wiwit Cilik – Pendidikan watak (karakter) luhur ing sekolah dhasar, iku dudu mung pelengkap pelajaran. Nanging dados dhasar utama kang kudu di tandurake wiwit cilik. Ing jaman saiki, ing ngendi kahanan gancang owah lan godaan moral saya akeh.
Bocah-bocah butuh dudu mung kawruh pelajaran, nanging ugi watak becik kang bakal mbentuk pribadine. Ing jaman kang sarwo terbuka kabeh, akses informasi iso di buka sopo wae. Soko ngendi papan lan ora ono watesan umur.
Dampak Teknologi Lan Peran Wong Tuo
Soko wiwit bocah nyekel HP iso buka informasi opo wae metu sarana youtube, IG, tiktok, lan liyo liyane. Akeh perangan konten kan manfaat, ananging ora sithik konten kang biso ngerusak moral anak-anak kito sedoyo.
Kabudayan monco negoro kabeh biso di muat ing media kasebat, tanpo sensor tanpo pilah becik lan ala. Sahingga ana dampak kang wigati kanggo pertumbuhan pikiran anak-anakkito sedoyo.
Masa Emas Pengembangan Anak
Masa sekolah dhasar iku masa emas pangembangan anak. Penting kagem para tiang sepuh maringi kawigatosan ing babagan kemajuan teknologi puniko. Kagem ngarahakan dumateng konten ingkang saa manfaat, lan teras ndampingi poro putro anggenipun ngginaaken HP lan internet.
Ing umur punika, anak gampang banget nyerap prilaku saka lingkungane, medsos, youtube, guru, lan tiyang sepuh. Mula saka kuwi, nilai-nilai kaya jujur, disiplin, tanggung jawab, tulung-tinulung, lan tepa slira. Becik di tandurake lumantar cara-cara kang nyenengake lan nyemangati.
Baca Artikel Berikut:

Pesan Peradaban! Merajut Nilai Dan Karya Yang Bermakna https://sabilulhuda.org/pesan-peradaban-merajut-nilai-dan-karya-yang-bermakna/
Ngadhepi Dampak Negatif Medsos kanthi Kawruh Digital
Internet teknologi iku mung piranti alat tools, biso di gunaake kanggo opo wae. Pancen akeh dampak negative soko era terbuka iki. Ananging wigati banget siswa nduweni kawruh digital global kang modern, kanggo peningkatan daya saing lan kualitas diri siswa.
Koyo to pengetahuan Artificial Intelligence, iki mung alat kang gampangake kanggo nggayuh samubarang, gumantung sopo ingkang migunaake. Semono ugo perkembangan media social, piranti kanggo nyiarake konten.
Iku luar biasa ing jaman digital global, iki hukume wajib mangertosi ilmu kang berkembang sarwo cepet. Koyo to kesadaran kecerdasan buatan AI.
Siswa kudu di bekali pengetahuan AI lan teknologi informasi ben nduweni kemampuan daya saing di era digital global iki. Nanging ora ninggalake luhuring moral-budi.
Peran Guru, Tiyang Sepuh, Lan Masyarakat
Guru lan tiyang sepuh nduweni peran wigati minangka suri tuladan. Tumindake guru lan lingkungan keluarga saben di nane. Kaya tumindak adil, sabar, lan ngajeni murid, bisa nuwuhake rasa hormat.
Lan kepinginan niru saka para siswa lan putra-putra. Kajaba saka kuwi, pendidikan karakter uga bisa di tandurake lumantar crita wayang, dongeng lokal, dolanan tradisional. Utawa kegiatan gotong royong ing kelas.
Tiyang sepuh uga ora kena ninggalake tanggung jawab. Pendidikan watak bakal luwih mantep, yen sekolah lan omah padha-padha mbangun nilai sing padha. Yen guru ngajari disiplin, nanging ing omah ora di terusake, mesthi asilé ora maksimal.
Mekaten ugi, lingkungan pergaulan sak kiwo tengen ugi maringi pengaruh ingkang penting kagem pertumbuhan karakter siswa didik. Mugi generasi kita dadi generasi kang kuat fisik lan mental kagungan karakter watak unggul.
Sageto dados tauladan ngginaaken kemajuan ilmu teknologi kagem kesejahteraan. Ingkang ngemot adil lan kaluhuraning budi pekerti. Nglestareaken kabudayan bangsa, teguh nyepeng paugeraning agami, sahingga dados bangsa ingkang unggul.
Tantangan Abot Bijak Ngadepi Media Sosial
Saiki, tantangan luwih abot amarga bocah-bocah kerep ndeleng tontonan lan informasi saka media sosial. Akeh isi kang ora cocog karo budaya kita. Mula penting nglatih anak supaya bisa mikir kritis, milah endi sing bener lan endi sing mung ngapusi.
Sarta ngajari tata krama nalika migunaaken teknologi. Milo betah pun awasi lan pun damping aktifitas lare wonten media social puniko.
Pendidikan watak iku dudu perlombaan, nanging proses. Sekolah bisa dadi lahan subur kang ndhidhik anak supaya bisa sinau saka kesalahan. Rumangsa nduweni tanggung jawab, lan ngugemi nilai-nilai kabecikan ing saben tumindake.
Era digital iki ora biso di hindari, wus kedaden lan manfaate ageng sanget. Mulo kito kudu sadar teknologi ananging mboten nilaraken moral lan watak luhur. Kangge Pendidikan modern ingkang peduli kemajuan ilmu pengetahuan lan teknologi.
Ananging anggadhahi karakter unggul ing babagan morallan nilai kabudayan bangsa.
Baca Juga: Watak Sejati Manusia
Ayo Podo Nandur Watak Luhur
Mula ayo padha bebarengan, guru, tiyang sepuh, lan masyarakat, nandur watak luhur wiwit cilik. Awit saka kuwi, kita lagi mbangun pondasi kanggo masa depan bangsa.
Ngadegake generasi kang ora mung pinter, nanging ugo bener lan luhuring budi. Mugi-mugi Gusti Allah Ingkang moho kuwaos paring pitulungan lan hidayah dumateng kita sedoyo.
Sageto kagungan kesadaran ing babagan Pendidikan karakter sejak dini. Sahinga bongso kito saget kuncoro dados bangsa ingkang Makmur, Sejahtera, cerdas, lan nggadhahi budi ingkang luhur, amin.
Penulis: Ki Pekathik













